Assalamu’alaikum wr wb.
Para sesepuh, pinisepuh, Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kawula bekteni, para tamu kakung sumawana putri, mudha-mudhi ingkang tuhu kinurmatan.
Nuwun wiyosipun kula kepareng matur minangka wakil saking Bapak Widyo Subroto, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken Puja-puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat lan hidayah sahingga kita sedaya saged ngrawuhi syukuran awit sampun jangkep anggenipun ngangsu kawruh (kuliah) putra saking Bapak Widyo Subroto inggih menika Adik Bimantara saking Fakultas Farmasi Universitas Gadjah Mada wonten ing wewengkon Ngayogyakarta Hadiningrat.
Tadah duka saha nyuwun pangapunten ingkang ageng, dene kawula cumantaka matur nggempil kawibawan panjenengan sami karana kawula mundi pangandikanipun Bapak Widyo Subroto awit saking gambiraning penggalih lan bombongipun manah, amargi Adik Bimantara sampun lulus sarjana. Mila mboten nama mokal menawi mboten kuwawa matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya naming kandheg wonten jangga mboten saged kawedhar ing lathi.
Salajengipun Bapak Widyo Subroto nyuwun donga pangestu, mugi-mugi Adik Bimantara anggenipun wisudha ngantos nglampahi pedamelan saged gangsar lan wilujeng nir ing sambikala.
Awit saking sedaya panyengkuyung Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sederek sedaya, Bapak Widyo Subroto ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun. Kejawi saking menika Bapak Widyo Subroto ngaturaken pangapunten awit saking kirangipun papan lan pasugatan ing sedayanipun.
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mbokbilih sedaya atur kawula kirang damel suka renaning penggalih kawula minangka titah biwasa nyuwun samudra pangaksami. Amin.
Mugi rahayu sukses sedayanipun
Wassalamu’alaikum wr wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar